GOLEK KERJO ANGEL MEN (susahnya cari kerja-red)

SUSAHIPUN PADOS DAMELAN meniko, ASSESMENT nipun awrat sanget:

A: Pendidikanmu opo?
B: Hukum Pak.
A: wah ora bisa ditompo ning kene.
B: Alasanipun Pak?
A: Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
B: tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
A: Tambah ora ketompo?
B: Lho kok ngaten pak?
A: Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae.....

A: Kowe nduwe omah opo ora?
B: Dereng....
A: Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
B: Lho kok ngaten?
A: Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
B: Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
A: Yo malah ora ketompo.
B: Lho kok ngaten?
A: Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

A: Kowe nduwe motor opo ora?
B: Mboten.
A: Ora ketompo.
B: Lho kok mboten ketompo?
A: Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
B: Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
B: Wah malah ra ketompo....
A: Lho kok ngoten?
B: Tempat parkire wis ra cukup.

A: Kowe wis lulus sarjana tenan?
B: Sampun Pak....
A: Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
B: Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
A: Malah ora ketompo.....
B: Lho kados pundi to?
A: Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.

A: Kowe seneng guyon opo ora?
B: Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
A: Ra ketompo.....
B: Waa... Kok ngoten?
A: Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
B: Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
A: Malah ora ketompo.
B: Lho kok......
A: Engko kowe mung email-emailan sing lucu.

A: Kowe mau mrene numpak opo?
B: Nitih mobil.
A: Kowe ora ketompo.
B: Sebabipun?
A: Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
B: Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
A: Tambah ora ketompo.
B: Lho, lha kok?
A: Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!

A: Anakmu akeh opo sithik?
B: Kathah, Pak.
A: Kowe ora ketompo.
B: Sebabipun?
A: Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
B: Lha wong namung anak adopsi, kok.
A: Tambah ora ketompo.
B: Lho, lha kok?
A: Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.

A: Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
B: Dereng.
A: Kowe ora ketompo.
B: Sebabipun?
A: Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
B: Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
A: Tambah ora ketompo.
B: Lho, lha kok?
A: Kowe rak mung arep keminter, to?

A: Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
B: Dereng.
A: Kowe ora ketompo.
B: Sebabipun?
A: Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
B: Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok.
A: Tambah ora ketompo.
B: Lho, lha kok?
A: Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?

A: Kowe kerep loro?
B: Mboten.
A: Kowe ora ketompo.
B: Sebabipun?
A: Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
B: Wah, sakjanipun nggih asring.
A: Tambah ora ketompo.
B: Lho, lha kok?
A: Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

A: Kowe biso main internet?
B: mBoten.
A: Kowe ora ketompo.
B: Sebabipun?
A: Perusahaan ora nompo sing buta internet.
B: Wah, sakjanipun nggih saged.
A: Tambah ora ketompo.
B: Lho, lha kok?
A: Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet lan chatingan, to???

A: Kowe waras opo ora?
B: Lha, kulo nggih waras to Pak.
A: Ra ketompo.
B: Kenging nopo?
A: Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
B: Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
A: Malah ra ketompo.
B: Pripun to niki?
A: Mengko aku duwe saingan.
B: WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!

2 komentar:

Anonim mengatakan...

WA HA HA HA HAAA....

....... mengatakan...

mayan bos....nggo tombo ngantuk.